Minggu, 02 Agustus 2015

Bejo ditangkep polisi mergo kasus tabrakaan

Bejo DITANGKEP pak polisi mergo kasus tabrakan.

Polisi: "Ya'opo critané sampèk koen nabrak uwong 20 iku?"

Bejo: "Aku nyetir mobil kecepatan 90 km/jam.
Pas nang pertelon moro2 rèm-é blong. Nèk ngiwo onok wong lanang loro, lha nèk nengen onok pésta kawinan. 
Cobak nèk Bapak, pilih nabrak sing endi?"
Polisi: "Yo mesti ngiwo, korbané luwih thithik."

Bejo: "Persis..!! Aku yo mikir ngono Pak !"

Polisi: "Trus la'opo wong2 sing nang pésta kawinan sing kenèk tabrak?!"

Bejo: "Lhaaa, niku masalahé. Aku wis milih wong lanang loro sing nang kiwo,....eh dèk-é mlayu nyabrang   nang pésta kawinan...dadi aku yo mbanting stir nengen, nguber wong loro mau Pak...!"

Polisi: "Guoobluooogg...!

Bejo: "Enggih leres!! pancen wong lanang loro mau gubloook, Pak Polisi..!"

Tidak ada komentar: