Sore-sore Tugiman glenikan karo Jumangin neng lincak.
"Jum wis apik-apik kerja neng Arab kok metu?" Tugiman takon.
"Ho'o... Lagi sewulan kerja dadi sopir aku dipecat!"
"Lha kepriben si deneng dipecat?" Tugiman takon maning.
"Pas nganteraken juraganku, neng ndalan ana watu gedhe. Juraganku nudhing-nudhing karo mbengok hajaarrr... hajaaarrrr!"
"Terus kepriwe Jum?"
"Ya tak tabrak brezz. Nganti ringsek mobile terus aku dipecat, mbarang wis suwe aku lagi ngerti basa Arab 'hajar' kuwe artine watu!".
Tidak ada komentar:
Posting Komentar